TEMBUNG RANGKEP LAN UKARA PAKON

Diposting oleh Unknown on 07.34


TEMBUNG RANGKEP LAN UKARA PAKON
TEMBUNG RANGKEP
Tembung rangkep punika kadadosan saking pangrimbaging tembung lingga utawi tembung andhahan ingkang karangkep. Mila miturut pangrimbaging tembung-tembung rangkep kaperang dados :
         a.      Tembung rangkep dwilingga
         b.      Tembung rangkep dwipurwa
         c.       Tembung rangkep dwiwasana


A.        Tembung Rangkep Dwilingga
Ingkang sipunrangkep lingganipun. Tembung lingga punika saged awujud warni-warni.
1.      Mawi
Tuladha : jaran-jaran
2.      Mawi wisesa na lingga
Tuladha : jaran-jaranan
3.      Saking tembung kriya (kata kerja)
Tuladha : ndumuk-ndhumuk
4.      Saking bawa ka
Tuladha : kebonjar-kebanjur
5.      Saking ikriya
Tuladha : ndumak-ndumuki
6.      Saking bawa ma
Tuladha : mubang-mubeng
7.      Saking bawa kuma
Tuladha : kamipuran-purun

Menawi dipuntingali saking tuladha ing nginggil tembung rangkep dwilingga punika saged kaperang malih miturut pocapanipun :
          1.      Dwilingga padha swara
           Tuladha : jaran-jaran, mlaku-mlaku, obah-obah, kumlanda-lada. 
          2.      Dwilingga salin swara ngarep
          Tuladha : joran-jaran, mloka-mlaku, kocang-kacang, empang-emping
          3.      Dwilingga salin swara mburi
          Tuladha : jaran-jeren, kacang-keceng,
          4.      Dwilingga salin swara ngarep lan mburi
          Tuladha : joran-jaran, empang-emping
          5.      Dwilingga semu
          Tuladha : Ondhe-ondhe, cumi-cumi.

B.        Tembung Rangkep Dwipurwa
Ingkang dipunrangkep purwa lingganipun. Wondene wujudipun
1.      Tembung wisesa na lingga
Tuladha : godhong + godhong = gegodhongan + (an)
2.      Tembung Kriya
Tuladha : nurun + nurun (ake) = nenurun (ake)
3.      Saka purwaning tembung awujud sigeg (konsonan an)
Tuladha : Sambetan +sambetan = sesambetan
               Srawungan + Srawungan = sesrawungan

C.        Tembung rangkep Dwiwasana
Wonten tembung kalih wanda ingkang saged karimbag sarana ngrangkep wanda ingkang pungkasan.
Tuladha : celuk +celuk = celuluk
               Cenges +cenges = cengenges
               Denga + dengak = dengangak

UKARA PAKON

Ukara kangge pitudhuh supaya nindhakake sawijining kagiyatan.
Tuladha      : Latar kae saponana!                              (pakon lumrah )
  Ayo padha menyang Sekolah!                (pakon pangajak)
  Kowe ora kena lunga yen ora duwe sangu! ( pakon pamenging )
  Tulung jupukna andhuk neng sampiran!           (pakon paminta )
  Yen wani mlumpata nyang jurang iku! (pakon panantang )

0 komentar:

Posting Komentar