Contoh Pidato

Diposting oleh Unknown on 07.39


PIDHATO I

PIDHATO KETUA OSIS
INGKANG NEMBE DIPUNLANTIK


Assalamu’alaikum Wr. Wb
Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak ibu guru ingkang ingkang kula hurmati, dalah para kanca siswa / siswi SMP Negeri 17 Temanggung ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita tansah munjukaken puja puji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Mahaagung ingkang sampun kepareng paring kamirahan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing kalodhangan punika saged makempal wonten papan punika, kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng kanca-kanca sedaya ingkang sampun paring  kapercayan, mitados dhumateng badan kula saperlu ngayahi jabatan minangka ketua OSIS ingkang anyar.
Bapak ibu guru saha para kanca sedaya, kula ngrumaosi minangka ketua OSIS tanggel jawabipun awrat, kula boten badhe saged nyanggi jejibahan punika piyambakan, awit saking punika kula saget mbetahaken panyengkuyungipun kanca-kanca saperlu sareng-sareng nindakaken maneka warni kegiyatan ingkang sampun dipunrancang. Blakanipun kula nyuwun panyengkuyungipun para kanca boten namung nalika pemilihan ketua OSIS kemawon, nanging ugi nalika ngecakaken lampahipun program-program kegiyatan OSIS ing sekolah punika.
Semanten ugi dhumateng Bapak Ibu guru, kula tansah ngantu-antu bimbingan lan tambahing wawasan, awit tanpa arahan lan bimbingan saking Bapak Ibu guru, sedaya kegiyatan boten badhe mlampahkanthi sae.
Bapak Ibu guru ingkang kinurmatan miwah para kanca ingkang kula tresnani, namung semanten atur kula minangka ketua OSIS ingkang anyar. Mbokbilih pinanggih subasita ingkang kirang trep, punapa dene pangrakiting basa ingkang boten jangkep, mawantu-wantu kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami. Cekap semanten atur kula,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.





















1.      Ngandharaken Perangane Pidhato
1.      Salam Pambuka
2.      Pambuka
3.      Surasa / isi
4.      Wasana / panutup
5.      Salam Panutup

Assalamu’alaikum Wr. Wb                 Salam Pambuka
Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak ibu guru ingkang ingkang kula hurmati, dalah para kanca siswa / siswi SMP Negeri 17 Temanggung ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita tansah munjukaken puja puji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Mahaagung ingkang sampun kepareng paring kamirahan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing kalodhangan punika saged makempal wonten papan punika, kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng kanca-kanca sedaya ingkang sampun paring  kapercayan, mitados dhumateng badan kula saperlu ngayahi jabatan minangka ketua OSIS ingkang anyar.
Bapak ibu guru saha para kanca sedaya, kula ngrumaosi minangka ketua OSIS tanggel jawabipun awrat, kula boten badhe saged nyanggi jejibahan punika piyambakan, awit saking punika kula saget mbetahaken panyengkuyungipun kanca-kanca saperlu sareng-sareng nindakaken maneka warni kegiyatan ingkang sampun dipunrancang. Blakanipun kula nyuwun panyengkuyungipun para kanca boten namung nalika pemilihan ketua OSIS kemawon, nanging ugi nalika ngecakaken lampahipun program-program kegiyatan OSIS ing sekolah punika.
Semanten ugi dhumateng Bapak Ibu guru, kula tansah ngantu-antu bimbingan lan tambahing wawasan, awit tanpa arahan lan bimbingan saking Bapak Ibu guru, sedaya kegiyatan boten badhe mlampahkanthi sae.
Bapak Ibu guru ingkang kinurmatan miwah para kanca ingkang kula tresnani, namung semanten atur kula minangka ketua OSIS ingkang anyar. Mbokbilih pinanggih subasita ingkang kirang trep, punapa dene pangrakiting basa ingkang boten jangkep, mawantu-wantu kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami. Cekap semanten atur kula,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.              Salam Panutup



         

0 komentar:

Posting Komentar